Ikiloh INSUN (Its Me)

Insun Lair Nang nDeso mBengkelo-lor, kecamatan mBenjeng. Kiro kiro rong kilometer arah kidul kecamatan mBenjeng. Nek Sampean ngerti prapatan Pasar mBenjeng, ngidulo, nglewati kampung mBalongwangon. Terus nyebrang kali lamong, sing geladake gak karuan. Nang kono ketemu dusun mBoro, ngiduloterus, sampeklah nDesoku mBengkelo-Lor. Aku sekolah nang SDN mBengkelolor, terus SMPN mBenjeng angkatan Kedua. Bar ngono sekolah nang SMAN Cerme,juarusan A1. Kiro-kiro sepuluh kiloan teko ndesoku. Jaman Sak mono numpak sepeda onthel, bayangno sepuluh kilo nyepeda, pertama rasane sekel tugel, boyok copot...tapi suwe suwe yo kulino, gak opo, opo. Gak sampai setahun ngontel, aku ditukokno sepeda montor bekas GL MAX, sing guede banget.Mari lulus SMA aku kuliah Nang nJember, njupuk jurusan Fakultas Sastra-Sastra Ingggris maneh, Keren kan!!!... Bar lulus ketrimo kerjo nang Departemen Perhubungan, nduk Jakarta. Critane saiki dadi wong kutho. Sambil kerjo aku entuk beasiswa Es Loro Nang UI (keren jek!),jurusane Magister Komunikasi (weleh weleh)!!. Saiki urip Nang Bekasi Timur. Wis yo iki sekelumit riwayatku. Wong ndeso sing mrantau nang kutho....